BRANTAKU

Bookmark and Share
Sore kuwi, ing perenging Gunung Kendheng
dak sawang wit-witan katon ijo
ngrembuyung subur lan tedhuh
Sanadyan isih ana giwing kang sela
ngatonake gegambaran lemah gamping putih,
sajak nambahi eloking sesawangan.
Angin silir ngobahake  gegodhongan
kabeh pada njoged, nut iramaning bayu.
Manuk jalak Uren padha bali nyedhak mring susuh
ngoceh lan jingklak-jingklak jejogedan
maringi kabar yen dina iki gumbira
ora kurang pangan lan pangonan.
Nanging,

atiku isih rongeh, yen ngelingi gegambaran kenya ndesa
rong puluh tahun kepungkur
Kenya kang sulistya ing warna
Sebaya papa sebaya mulya
Prasetya bakal mithuhu dhawuh garwa
Ngabekti urip runtang runtung rerentengan.
Nanging,
Duk semana pamitanmu pengin golek ngelmu
dak lilani, paring jurung pangestu
muga kasembadan ing sedya
Ora ngira jibul sulaya,
balimu kekanthen priya liya.
Mula seprene, aku ngulir budi mawas diri
Apa iya kuwi wangsulanmu?
Apa iya kuwi asok bulu bektimu?
Nanging,
Aku percaya, prasetyamu ora luntur.
Aku percaya, brantaku bakal kotimbangi.

{ 0 komentar... Views All / Send Comment! }

Posting Komentar

Powered By Blogger